Asal Usul Aksara Jawa

    Adhedhasar konsepsi secara tradisional laire aksara jawa digathukake karo Legenda aji saka, Crita turun temurun awujud tutur tinular bab padudon lan perang tandhinge Dora lan Sembada jalaran rebutan keris pusakane Aji Saka sing kudune tansah direksa bebarengan ing pulo Majeti.
    Wusana Dora lan Sembodo mati sampyuh ngeres- ngeresi. nalika arep angejawa, Aji Saka kang didherekake para abdine sing jenenge Dora, Sembada, Duga, lan Prayoga lerem ing pulo Majeti sawetara suwene. Sadurunge neruskake laku angejawa, Aji Saka ninggal pusaka awujud keris. Dora lan Sembada kapata ngreksa kanthi piweling wanti-wanti, aja pisan-pisan diwenehake wong sakliyane Aji Saka dhewe sing teko ing pulo Majeti njupuk pusaka kasebut. Aji Saka banjur nerusake laku dikanthi Duga lan Prayoga. Dene     Dora lan Sembada tetep ono pulo Majeti ngreksa pusaka.
Sawise sawetara lawase, Dora lan Sembodo krungu kabar menawa Aji Saka wis dadi ratu ing Medhangkamulan. Dora ngajak Sembada ninggalake pulo Majeti ngaturake pusaka marang Aji Saka. Sarehne Sembada ora gelem diajak awit nuhoni dhawuhe Aji saka, kanthi sesidheman si Dora banjur menyang Medhangkamulan tanpa nggowo keris.
     Marang Aji Saka si Dora kanthi atur wadul warna-warna. Dora kadhawuhan bali maneh menyang pulo Majeti. Gelem ora gelem Sembada kudu diajak menyang Medhangkamulan kanthi nggawa keris pusaka. Dora banjur budal. Jalaran panggah ora percaya marang kandhanane si Dora, Sembada puguh ora gelem diajak jalaran nuhoni dhawuhe bendarane, lan precaya menawa Aji Saka bakal netepi janjine mundhut pusakane tanpa utusan.
    Lelorone podho padudon rebut bener, banjur pancakara perang tandhing rebutan keris. Wasana Dora lan Sembada padha mati sampyuh ketaman keris sing dinggo rebutan. Sawise sawetara suwe Dora sowan maneh ngajak Sembada ngaturake keris pusaka, Aji Saka banjur utusan Duga lan Prayoga nusul menyang pulo Majeti.
     Bareng tekan pulo Majeti saiba kagete Dugo lan Prayoga meruhi Dora lan Sembada padha mati ketaman pusaka sing isih tumancep ing dhadhane. Sawise ngupakara layone Dora lan Sembodo kanthi samestine, Dugo lan Prayoga banjur gegancangan marak ratu gustine ngaturake pusaka lan pawarta bab patine Dora lan Sembada. Midhanget ature Dora lan Prayoga, Aji Saka sakala ngrumangsani kalepyane dene ora netepi janji mundut pribadi pusaka sing direksa Dora lan Sembada.
     Minangka pangeling-eling, Aji Saka banjur ngripta aksara jawa legena cacah rong puluh (20) wiwit saka HA nganti NGA.
HA NA CA RA KA.Ana Caraka (Utusan)
DA TA SA WA LA.Padha Suwala (padudon, pancakara)
PA DHA JA YA NYA.Padha dene digdayane
MA GA BA THA NGA . Wasana padha dadi bathang.



Komentar

Postingan Populer